Mugi budi bawa leksana anggènipun milih para Punggawa (SBY - Menteri)

campur-bawur 8 Comments »
SBY nemtokake  Menteri (gambar ilustrasi: foto.detik.com)

SBY nemtokake Menteri (gambar ilustrasi: foto.detik.com)

Bapak-bapak lan Ibu-ibu para punggawa negara kang wus kasil njabat ana ing Lembaga Legislative kanthi suksès wus dilantik ana ing plataran Lubang-Buaya Jakarta yaiku rikala dina kaping sepisan awal wulan sepuluh  iki. Mesthi bebarengan ana ing dina iku uga para sedulur sing kepener manggon ana ing ranah Minang lagi waé nandang sungkawa amarga bencana lindhu, ananging babagan iku ora dadi sebab mbatalaké adicara sing kasebut resmi acara kenegaraan iku.

Limolas dina suwéné wus bisa di liwati awak kabèh warga negara Indonésia iki, embuh isih padha kèlingan apa malah wus padha kebacut dilalèkaké adicara pelantikan iku mau, amarga ketutup babagan kabar lindhu uga patiné para térorist, déné ana ing dina-dina iki yèn aku nyawang kahanan pawarta koq katon ramé banget para punggawa pemerintahan (lembaga executive) anggon ngrembug masalah kedudukan lan jabatan Menteri sing tugas utamané ya dadi jongosé Presidèn kapilih pas masa bakti tahun 2009 - 2014.

Macem-macem lan manekawarna kabar kang di wedhar déning sak akèhing mas-media nyangkut babagan pamilihan Menteri, ya media elektronik utawa media cétak. Saka kalangan Pengusaha, artis utawa para punggawa kang isih aktip mèlu njaga wutuhing falsafah Pancasila. Sajak jabatan Menteri iku kalebu jabatan kang di favoritké. Polah lan pikir rembug babagan rasa amanah lan uga fatonah gegandhèngan karo jabatan Menteri iku rasa-rasané koq mung muspra, sebab wus séjé tujuan lan sréngaté. Semata-mata amarga jabatan…..

Yèn kaya mengkono iku koq malah bisa andadèake katon cetha welo-wela, déné salah sawijining  jabatan iya  kebacut dadi barang iming-imingan ana ing ndonya. Adoh saka rasa Amanah uga fatonah

Salah sawijining ukara sanépa kang wus naté kasebut mbiyèn (amarga dipocapaké déning para pini sepuh) dadi kepikir manèh ana ing utegku    “Jalma angkara murka”, utawa asring kasebut jalma mati murka, mujudake pepéling tumraping bebrayan Agung kang luwih becik disingkiri.  Ngemu arti menawa wong sing tumindaké srakah lan murka mesthi bakal nemoni bebendu, kalebu ana ing njeroné yaiku para pemimpin kabèh, jalarantumraping pemimpin yèn nganti tumindak srakah, nguja hawa nepsu, tundhané ya mung bakal dadi mungsuhé rakyat. Ora mung sing tumindak ala waé, ananging kulawarga uga mèlu nanggung rasa isin, apamanèh yèn nganti ana kedadèan sawijining bab  kewiyak déning pihak kang berwajib.

Kanggo ngawékani mau, mula ta diprénggakaké supayané anglakoni bebrayan agung ngendhalèkaké dhiri kanthi sabar - pasrah lan tawaqal, lan sing paling penting kudu tetep tansah nduwèni keyakinan menawa mbésuk ana ing kanané utawa ana ing akhérat kabèh pérangan bakal dèn adili déning Kang Agawé Urip iki. Sapa nandur bakal ngundhuh, sapa sing wis tumindak nalisir jalaran mung nuruti hawa nepsu ora sélak mengkoné ya bakal nanggung akibaté.

Nyawang kahanan kang kaya mengkono banjur kapan ta awak iki bisa mirsani kahanan kang dadi pangajab yaiku nduwèni rasa budi bawa leksana? kamangka sak temené Calon Wakil Presidèn iku ya wus kagungan asma Budi lho!  Aku amung khawatir yèn mengko ing tembé mburiné malah koq ngendelaké tindak ngagol-agolaké aji mumpung utawa sipat adigang adigung adiguna. Amarga sing wus katon nang ngarep mata sejatiné akèh kang nepsu lan ngarep-arep jabatan Menteri iku mau.

Muga-muga kang dadi pengarep-arep awak kabèh,  Bapak Presidèn kapilih lan sing bakal dilantik mbésuk bisoa milih para punggawa kanggo mbiyantu tandang gawé kang kasebut Menteri iku mau kanthi  tliti lan setiti uga ngati-ati . Aja nganti milih piyayi kang lali purwaduksina, mbeneraké laku kang sejatiné angkara-murka saéngga bisa kalaksanan Negara Kang tata, ing wusana tuwuh bebrayan agung mbudidaya amrih bisa nyingkiri sifat-sifat ala. Déné pungkasan bakal bisa kalis lir ing sambékalasupayaning tuwuh rasa tata titi tentrem kerta raharja anggoné urip ana madyaning pasrawungan . Amien… [uth]

Miyabi diganti Luna Maya apa nganggo Jilbab?

nggedeboés 3 Comments »
Miyabi Diganti Luna Maya (gambar: detikhot)

Miyabi Diganti Luna Maya (gambar: detikhot)

Sakmenika kaleres dinten ingkang kaping sekawan-welas wonten ing wulan Oktober Kaléh Èwu Sanga, injih menika dinten ingkang sampun dangu dipun rencanakaken déning pihak Miyabi déné badhé rawuh wonten ing Nagari Indonésia menika.

Perlu kauningan bilih  Miyabi alias mBak Maria Ozawa menika Piyayi estri ingkang praèhanipun ayu sanget saking Nagari Srengéngé, Jepang. Kalebet jalma ingkang sampun kondhang-kaloka utamanipun wonten ing donya perpileman. Mbak Miyabi injih satunggaling artis papan atas anamung radi bènten amargi ingkang dipun bintangi umumipun injih pilm biru (dipun waos: porno).

Dumugi sakmenika rencana rawuhipun mBak Maria Ozawa  sajak dèrèng wonten tandha-tandhanipun. Malah kabar datengipun Miyabi  wonten ing Nagari kita injih damel kathah  pihak sami ngedalaken alibi tuwin statment, saé menika saking pihak organisasi masa, pihak pamarintah utawi wicara pribadi piyambak-piyambak.  Kathah ingkang  mempergunjingkan anamung mboten sekedhik ingkang ngajeng-ngajeng rawuhipun.

Kados sampun dipun tayangan pawartos wonten ing pesawat Televisi wau saperangan warga taksih sanget ngantu-antu, déné menawi maos opini-opini wonten ing serat kabar sampun manéka-warna pemanggih saking khalayak-ramai, wonten ingkang sarujuk tuwin ageng pangajabipun ananging  mboten sekedhik ingkang nolak rawuhipun.

Rencana rawuhipun mBak Miyabi menika miturut kabar injih badhé dados bintang wonten satunggaling pilm komedi ingkang dipun produksi  pihak Home Produksi Indonesia. Gegandhèngan kalian babagan rencananipun mBak Miyabi badhé damel pilm menika nuwuhaken pemanggih saking sapérangan  warga kados ingkang sampun kaserat wonten  salah satunggaling serat kabar detikhot bilih “FPI Minta Miyabi Diganti Luna Maya “ utawi pemanggih ingkang dipun serat déning KapanLagi.com “FPI: Kalau Miyabi berjilbab baru kita terima” lan taksih kathah babagan ingkang sampun kapacak wonten ing sapérangan mas-média.

Maos seratan ingkang kapacak wonten mas-media kasebat ing nginggil ndadosaken manah kula radi mongkok, mesem namung kecut :) . Mboten koq ateges kula mboten sarujuk kalian pemanggih menika, ananging koq raosipun radi wagu njih…

Kita sedaya mboten sami mangertosi nilih babagan ingkang kaserat ing nginggil menika sakèstu punapa namung mligi polahipun para juru tulis-jurnalist, ananging menawi sami kita cerna koq tebih sanget saking pamanggih ingkang wicaksana. Ingkang sepindah, mBak Maria Ozawa mboten dipun keparengaken tindak dhateng Nagari kita, solusinipun injih ngagem peran pengganti artis Indonésia ugi, kagem conto injih menika mBak Luna Maya. Punapa pihak ingkang nglarang menika sampun èstu menggalih bilih pemeran pengganti injih langkung saé menawi dipun bandhingaken kalian mBak Maiyabi..?!!!  Menawi mekaten mbok rikala semanten wonten ontran-ontran terorist menika kedahipun dr Ashari tuwin Nurdin Menthog M Top ingkang notebene warga Malaysia dipun gantos ugi migunakaken piyantun Indonésia…

Déné babagan sak lajengipun gegandhèngan kalian pranyatan kaping kalih, injih menika dipun keparengaken lan badhé dipun tampi tindak rawuh dateng nagari kita anamung kanthi catetan migunakaken rasukan awujud jilbab. Menawi mekaten injih mboten punapa-punapa menawi samangkèh sak-karepe dhéwé anggènipun  kadhapuk peran wonten ing filem ingkang badhé dipun damel menika, tetep bandhé dipun tampi senadyan ta pilem menika ngemu babagan ingkang saged dados sarana ngrusak tatanan tuwin moral kita para manungsa…

Èstunipun saking manah kula radi cuwa ngéngingi babagan Mbak Maria Ozawa menika. Lha rikala wekdal para sedhèrèk kita wonten ing tlatah Tasikmalaya tuwin ing ranah Minang nandang sungkawa amargi bencana, saktemenipun sami tindak pundi ta réncang-réncang inkang sami nentang rawuhipun Mbak Miyabi menika? Koq mboten sami koar-koar ugi anggènipun ndhèrèk cawé-cawé………  Utawi kala semanten wonten pejahipun sedhèrèk kita karana bom hotel, sami saré punapa koq karaos sepen  babar pisan mboten wonten suwanten punapa-punapa?

Mirsani sedaya kedadosan punika tuwuh pemanggih kula, Èstu langkung awrat sanget kita jalma manungsa ingkang sampun kebacut nyemplung wonten ing donya-item menika menawi badhé balik arah wonten mergi ingkang saé, taksih kathah pemanggih ingkang miring lan sami mboten pitados kalian tindak menika. Pramila sinarengan kalian Mbak Miyabi sumangga kita sami amenggalih malih babagan mendhet keputusan. Mboten sélak kita sedaya kagungan masa lalu, lan mboten klèntu menawi wekdal sakmenika lan dipun lajengaken wekdal samangkéh menawi badhé nanem babagan ingkang saé. Kedahipun niat saé menika sami kita kormati ugi kita sengkuyung…! [uth]


WordPress Theme & Icons by N.Design Studio. Theme pack from WPMUDEV by Incsub.
Entries RSS Comments RSS Masuk log