Ramadhan dudu amung RaMadhang

weningé pikér 10 Comments »

conthongnatoWulan Ramadhan 1430 mboten kraos sampun mlebet wonten ing dinten kaping wolu. Ateges sampun Setunggal minggu dangunipun anggèn kita nglampahi ngibadah siam menika. Mugi tansah pikantuk barokahi ugi ampunanipun saking  Gusti Éngkang Murbèng dumadi anggèn kita sedaya nglampahi siam menika.

Wonten ing wulan Ramadhan menika kita sedaya (khususipun sedaya rencang muslim) dipun printah anindakaken ngibadah ingkang èstu langkung agung. Kula sebat kanthi ‘ngibadah agung’ amargi awit saking pemahaman kawula bilih ngibadah siam menika kalebet ngibadah ingkang universal. Injih menika ngibadah ingkang dipun runut déning sedaya umat, mboten mligi namung Umat Muslim kémawon, ananging kula yaqin sanget bilih  Ngibadah siam menika ugi dipun laksanakaken déning Umat sanesipun Islam.  Ngibadah Sholat mligi namung dipun tindakaken déning kita lan rencang-rencang sedaya ingkang kagungan keyakinan Islam. Kebaktian utawi pelayanan, niku namung katur kagem sedherek kita umat Nasrani. Déné angrawuhi Klenteng, Vihara utawi Pura menika namung kagem sedhèrèk kita ingkang nganut agami Konghucu, Budha ugi Hindu. Wonten malih saking  dipun wontenaken upacara Sesaji  kagem sedhèrèk ingkang nganut aliran kapercayan. Nanging sepindah malih, kula pitados bilih ngibadah siam badhé dipun laksanakaken sedaya keyakinan.

Ramadhan, dipun printahaken kita sedaya umat menika kagem laku siam, mboten sanès supados kita sedaya nambah raos Taqwa lan Pitados dhumateng Gusti. Kados ingkang sampun kaserat wonten ing Firmanipun Gusti kasebat wonten ing QS Al Baqarah-183. Déné ingkang dipun dhawuhi nindakaken ngibadah siam menika injih namung piyantun beriman kemawon, kados dipun tegesaken “Hé wong-wong kang padha iman” . Ngemu artos bilih babagan siam menika mboten dipun perintahaken dhumateng Jalma ingkang mboten wonten raos imanipun.

Ramadhan, mboten kémawon kapocap “ramadhang” kados (kawula) piyantun Jawi asring mlèsètaken ukara kasebat ing nginggil. Mboten ateges artos saking parikan Ramadhang menika klèntu, hanamung definisi ramadhang berarti namung mandheg wonten ing urusan padharan kemawon. Mandheg wonten ing perkaos dahar tuwin ngunjuk kemawon. Kamangka ngibadah siam Ramadhan menika ugi ngemu kontèmplasi ingkang langkung sae ketimbang perkawis padharan kemawon. Injih menika “Pengendalian-diri”

Tiang ngagesang menika injih kalebet jalmi ingkang untung sanget awit sampun dipun  paringi anugerah kalangkungan menawi dipun bandingaken dhumateng asanès jalmi kados ta kewan saha wit-witan.  Salah satunggalipun kaluwihan injih menika bilih jalma manungsa kagungan raos-nafsu. Kita badhé mboten wonten perkembangan tuwin kemajuan  menawi raos-nafsu menika mandheg kados ingkang dipun paringaken dhumateng para Malaékat. Malaikat ingkang tugasipun nyabut nyawa, njih namung nyabut nyawa. Déné Malaikat ingkang nyebul terompèt pedamelanipun injih anamung mligi nyebul terompet. Saget dipun raos, cobi bayangaken menawi babagan menika dipun sandhang kita sedaya jalma manungsa…. mungkin sampun kathah raos bosen saking dinten-dinten sakdèrèngipun kala wingi, lha wong nyebul suling terus kémawon juan raos bosenipun mboten makantar-kantar lho…!

pramila wekdal sewulan menika sumangga kita sami ngudi raos saé kagem mengendalikan diri saking nepsu ingkang cumantuk wonten ing badan kita. Leres sanget bilih Ramadhan injih Ramadhang, amargi  madhang alias mangan injih bagéan saking nepsu ugi. Hanamung ingkang langkung penting katimbang nepsu dahar tuwin ngunjuk menika injih nepsu sanèsipun.

Sampun kathah ingkang kita pirsani wonten ing wekdal seminggu Ramadhan menika. Saking raménipun kita sedaya amargi Tari Pendèt, utawi kabar pungkasan babagan dol-tinuku pulau, lan ugi kabar lanjutipun saking perburuan Noordin M Top Cs.    Hanamung mboten kita sadhari bilih kita sedaya sampun kesupèn angggènipun ngurus badhan piyambak. Kahanan ingkang sanyata injih menika  bilih wonten ing wulan Siam malah tetep  “jatah belanja kita mboten siam”. Kamangka wonten ing dinten sakdèrèngipun wulan siam kathah saking kita sedaya sami ngucap kabar ’slamet’ awit  rawuhipun wulan siam,  Marhaban Ya Romadhona… Pangucap slamet ingkang artosipun mboten kejlentrèh kagem setunggal tiang, ananging katur kagem sedayanipun jalmaning Gusti. Mboten mligi pangocap slamet menika namung kagem sekedar pensucian, amargi menawi mekaten èstu mboten sélak menawi badhé tuwuh raos ingkang wusananipun saget dados pawitan pemberhalaan.

Mugi-mugi kita sedaya saget èling menawi perkawis tembung slamet menika injih mboten uwal saking bebendu kemunafikan lan sipat ingkang ala. Saget dipun wedhar makna saking pasa Ramadhan menika injih wulan kagem obor saking wula-wulan sanès ingkang cacahipun jangkep sewelas wulan.

Nora nana panggawe kang luwih gampang kaya wong kang mamahoni

Sira ling-elinga aja sugih waonan den samya raharjeng budi

Ingkang prayoga singa-singa kang lali

Tak ada pekerjaan yang mudah selain menilai orang lain

Maka ingatlah tuk jangan gampang menilai buruk, berbaik sangka lah

Itu lebih baik dibanding menjadi yang pelupa

(Durma-7)

Satunggalipun tuladha. Wonten serombongan kaum muslim ingkang badhé ngraosaken adicara mbedhal siam sesarengan utawi istilahipun njih ‘buka-bersama’ wonten ing restoran siap-saji. Sedaya piyantun wonten ing rombongan sajak remen raosipun amargi badhe dahar warna-warni hidangan, saking main course, appetizer juga dessert- ipun.   Kosok wangsulipun, setunggal kulawangsa alit ingkang lenggah wonten ing sak ngandhap gubug sakngajengipun restoran wau  mboten kalah mangayubagya, saget dahar ingkang awujud tela-godhog kagem mbatalaken ngibadah siamipun ugi kagem daharan wonten ing dinten menika. Menika èstu gambaran ngaurip wonten ing jaman sakmenika. Punapa ingkang saged kita sedaya pendhet saking hikmahipun siam menika…? Kasunyatan taksih awis kelonggaran wonten ing manah, kamangka sami-sami nindakaken ngibadah siam. Ingkang setunggal kelompok rèstoran  njih tetep ngumbar nepsu, déné ingkang setunggal kelompok wonten ing nggubuk dahar sak wontenipun amargi kahanan. Kanthi mirsani kedadosan wonten ing nginggil mila leres menawi  pola pikir siam utawi mboten siam njih sami kemawon, mboten wonten bèntenipun: Ngibadah njih ngibadah,  miturut punapa ingkang kaserat wonten ing Al-Kitab, déné babagan asanès jalma, njih mangkèh rumiyin…. Perkawis tangga-tepalih sakit ibarat sampun badhé pejah amargi sampun mboten wonten yatra kagem nebus obat, njih sanès urusanipun. Urusanipun piyambak pingin tindak umrah kaping tiga nipun njih mboten prkawis awon koq… Punapa leres mekaten hikmahipun saking nindakaken ngibadah siam…?  ouww, kula wastani koq sanès, Èstu mboten mekaten……

Hanamung mboten sélak tindak kados mekaten sampun kepajang wonten ing manah kita wekdal punika.

Kathah piwucal saking wulan Ramadhan menika, Ramadhan mboten ateges namung nahan dahar utawi guling. Hanamung  langkung saking menika sepindah malih injih raos mawas-dhiri. Ugi ngautamakaken sipat tepa-slira. Kita menika sinten lan ugi dhèwèkipun injih sinten ta..? Kepripun menawi kula dados dhèwèkipun lan dhèwèkipun dados kula..?

Ngadhepi kahanan raméning donya  kados sak menika, kagem tuladha injih kedadosan perang tempuripun kita kalian negari tangga lewat donya maya. Kanthi cara nepsu, èstu kula ndherek muntab menawi ngraosaken kesucian ‘Indonesia-Raya’ kedah dipun oret-oret déning tangan - tangan awon.

Mugi-mugi sinarengan kalian siam Romadhan menika kita sedaya kagungan pengajab  supados saged nahan raos amarah kanthi langkung ngadhepanaken raos mawas-diri. Kita wiwit saking pok-bongkotipun….. Menawi manah kita menika sampun saged rumaos, pramila saé menawi kita ugi saged midhangetaken lan ngamalaken sipat  3M ipun A’a Gym. Wiwitan saking kita piyambak. Wiwit saking babagan alit, Wiwi saking wekdal sakmenika ugi. Ampun sami anggedhèkaken raos memengsahan, langkung migunakaken uteg tuwin mboten  kesupèn medhar wasitaning ati. Amargi suwanten ati mboten saget dipun bujuki, Ati injih suwanten Qalbu, suwanten qalbu ingkang mboten saged dipun bujuki.

Wonten satunggaling kebiasaan bilih mental menika menawi sampun nandang reregetan amargi raos-memengsahan mila sedanten babagan ingkang mboten sami ing pemanggih, mboten sélak menawi badhé dipun dadosaken mengsah, dipun régonui. Sinarengan kaliyan bab menika, menawi raos memengsahan menika namung dipun mèndelaken, mila menawi sampun mboten wonten mengsah awujud wates negara (conto:Indonésia-Malaysia) mboten sélak  samangké agama ugi ugi badhé dipun mengsahi. Agama ugi badhe dipun dadosaken alasan pembenaran saking raos memengsahan kasebat kanthi adhedasar warna-warni dalil ingkang bènten faham ugi ajaranipun. Mboten badhé tuwuh raos tepa-slira. Mboten badhé wonten raos kormat-kinormatan.

Wonten ing mriki kasebat babagan ‘makna’ saking hakékatipun ngibadah Pasa Ramadhan wau. Bilih siam menika mboten namung mligi munjukaken satunggaling we-watesan, wates Subuh dumugi Maghrib, wates papan kawula ugi wates papanipun paduka, wates dipun parengaken utawi wates dipun larang, hanamung langkung saking menika Ngibadah siam ugi nggadhahi pungsi tuwin paédah kagem bahan  sedimentasi. Bilih menawi jiwa-manungsa menika dipun ibarataken kados toya, pramila toya-jiwa menika wonten ing wekdal sewelas wulan sampun mboten karuan paranipun ngalor-ngidul ugi ngilèn-ngétan. Toya-jiwa wau sampun kénging angin karahargyan, kabuang ombak kasengsaran, utawi saget kémawon toya-jiwa menika wau sampun lubèr saking wadhahipun amargi jawah raos drengki-srei, lan wonten ing sanès wekdal toya-jiwa menika saged kapanggonan tumètèsing embun kasetyan. Pramila wekdal setunggal wulan siam sak njawinipun sewelas wulan menika injih saged dipun pungsèkaken kagem ‘pengendapan’ utawi ingkang kasebat  “sedimentatif”. Kanthi prosès sèdimèntatif pramila ingkang badhé tuwuh injih pemisahan antawisipun kotoran-kotoraningkang awujud endapan (sediment)  kalian toya warna bening.

Ing pengajab sak lajengipun, déné sak sampunipun pikantuk toya-bening menika wau, kita sedaya mampu nggadhahi pemanggih tuwin pemikiran ingkang bening ugi.  Saged mbèntenaken pundi jalma manungsa lan pundi kéwan saha wit-witan.  Saged manungsakaké - Manungsa. Wekdal luwé sesarengan kita saged pirsa bilih kita menika sedaya sami, sami-sami manungsa jalmanipun Ingkang Gusti, sami-sami betah dahar, lan  ugi sami-sami dahar sekul.    Ing wusana wonten ing asesami raos punika badhé tuwuh wonten ing manah babagan raos kemanungsan ugi.   Mboten mbèntenaken saking pundi, agamanipun punapa, madzabipun sinten, sugih punapa kéré, jongos utawi juragan.   Kita menika sedaya sami wonten ing ngarsanipun Gusti. Namung ‘Sakderma Manungsa’. Sedayanipun mboten sanès hanamung ’sandangan’ , menawi raos-kesadharan menika dhateng wonten ing hakékat mendhet artos saking Ngibadah Siam Romadhan, mboten sélak bilih sak mangké kita sedaya badhé rumaket wonten ing raos paseduluran, mboten wonten malih ingkang dados watesipun. Mugi-mugi kita sedaya (khususipun kawula piyambak) saged  nyepeng maknanipun ngibadah siam Ramadhan menika, Allahuma Amien… [uth]

“Hé Wong-Wong Kang Padha Iman, diwajibaké sira nindakaké pasa kayadéné diwajibaké marang wong-wong sakdurungé sira supaya sira kabèh padha taqwa”

(QS. Al Baqarah : 183)

Tari pendèt éngkang dipun pendhet

boédaja 7 Comments »

[originaltaste] t4mp4h.multiply.com

original taste - http://t4mp4h.multiply.com

Negara Malaysia nge-klem lan ngakoni manèh budaya Indonésia - tari pendèt, Bali di dadèkaké budayané Negara iku ana éng iklan visit year. Wektu kepungkur, Negara tangga iku uga uwis naté ngaku-aku menawa angklung, reog Panaraga, batik, Hombo Batu, lan tari Folaya. Uga babagan panganan, kanggo tuladha ya masakané wong Padang. Iya, mangan Sega Padang lan saklebare maem banjur bisa ngamplengi wasit olah-badan yaiku wasit Taé Kwon Do sinambi  nembang rasa sayangé…..

Babagan Ambalat kang sanyata ana éng wilayah teritori Indonésia isih dadi bahan rebutan. Apa bakal kedadèn kayadéné Sipadan lan Ligitan..? acchhhhh…….

Dak ètung wus enem dina iki angger-angger nonton pawarta ana éng layar kaca (tivi),  mesthi kang dadi kabar nomer siji ya perkara tari pendèt iku.

Kaping pisan aku krungu babagan polah-tingkah negara tangga iku mau bener mangkel lan mengkel rasa ana éng jero ati, lha piye wus nyata-nyata bola-bali  ana tindak kang kaya  mengkono iku jé. Sejatiné mung gari ana sethithik sipat sabar kang bisa kanggo ngeyem-yem rasa nggondhok ana ing njero ati iki. Sethithik tembung  sing isih ana  kanggo nglipur.  Malaysia, Negara iku kasunyatan luwih enom umuré, di ujarna waé nduwèni polah kang mbocahi . Awak kabèh kudu bisa ngemong aja malah mèlu -mèlu nduwèni sipat padha kaya bocah ngono (childish). Kudu bisa njèr yèn dirasa bocah iku mau saya nglunjak, lan mula ta yuk gèk ndang di wiwiti ing pamrih awak kabèh isih nduwèni rasa  peka karebèn ora kebanjur mumpung isih bisa ngatasi. (kamangka sakjané saiki iki wus bisa kasebut wus kebanjur lho…!)

Bali menèh kanthi weningé suasana , mbasan dak pikar-pikir nganggo uteg (ora) warasku, kasunyatan sejatiné awak iki klèru nek kumudu muring. Kosok-baliné awaké dhéwé kang dadi warga negara iki kuduné ana rasa seneng amarga budayané awaké dhéwé mèlu di wara-waraké déning negara tangga iku mau.

Tindak kang utama kangggo awak kabèh ngadhepi kahanan kaya mengkono iku ya kudu intropeksi ndhisik. Mènèhi koreksi marang para pejabat lan marang para Piyayi sing nglaksananaké pamarintahan saiki. Kudu tegas lan sadhar. Menawa budayané awak kabèh iki kudu di rumat kanthi becik karebèn bisa adiluhung.

Nèk saiki Pak Jero Wacik kang ngemban amanat  dadi Menteri kabudayan lan pariwisata ngrasa kayadéné kobongan jénggoté (nganti ngirim surat cinta), koq kaya-kaya pahlawan kang kerinan ya….? Kenapa lagi saiki…? Ora saka wingi-wingi…? Apa amarga lemah kelairané tari pendèt iku padha karo lemah kelairané Bapak Menteri apa ya…? Muga-muga waé aku klèru. Muga-muga waé sing dadi musababé ya rasa nasionalisme (amarga seminggu kepungkur rak nembé waé upacara pitulas agustusan ta)

Semana uga awak kabèh ya kudu bisa mangertèni sejatiné iku sapa ta kang dadi warga Negara Malaysia iku..? Wus pirang tahun ta ana ontran-ontran ngekspor TKI iki…? Njuk wus ana pirang keturunan ta warga Indonésia anak-putuné TKI iku mau kang wusanané dadi warga tetep bangsa Malaysia..? Nah kegawa keturunan iku ora sélak ya bakalan kegawa budaya uga.  Lha piyé wong  Menteri Pertahanan wae ya mesa anak-turuné wong Wates, Kulon Progo,  tlatah Ngayogyakarta Hadiningrat ngéné lho…! Cobi sami dipun pirsani Link wonten ing Jogjanews niki utawi wonten ing nJOWO kéné. Mula ya di ngapura waé yèn dhèwèké iku uga ngaku-ngaku dadi bangsa kang manéka-warna (plurality), mbuh iku mau kanthi alesan kang manéka-warna kaya ngapa….

Adhédasar rasa paseduluran kang kaya mengkono, kaya-kaya ora mentala nèk awak kabèh kudu maju perang-tanding mungsuh balung dhéwé iku. Kejaba pancèn alat kang kanggo gelut saka serdaduné awaké dhéwé iku lumayan rada ketinggalan (kebukti nembé waé ana kapal Malay kang keladuk wani nyebrang wates ana ing wilayah Indonésia), ana manèh sebab kang kudu dipikiraké ya cacah sing isih kurang saka perjurit kang isa njaga wilayah Indonésia iki. Kudu nglawan tentara Malaysia kang uwis nduwé “pakta-pertahanan” bareng Australi lan Negara Inggris, hemmmm…..

Mula bener apa kang kedadèn ana ing pagelaran Asian-Idol, babagan tehnologi kudu kedhapuk ana ing ngarep dhéwé. Ra usah mikir rembugan kang dadi bahan pokoké, Lha wong pawitan rembugan waé ing tembé akhir Sipadan lan Ligitan bisa kontal lho. Ananging menawa milih babagan tehnologi, coba bisa di gawé tuladha sawektu Hadi Myrza, jago nyanyi saka Negara Singapore bisa kapilih dadi juarané Asian-Idol. Kabéh mau bisa di tebak amarga tehnologi kanthi nggunakaké SMS kang mlebu dudu mlélo saka biji-aji sing di wènèhaké déning wargané, jalaran  wargane luwih sethithik tinimbang warga negarané para saingané, kaya ta India, Indonésia, lan uga Malaysia.  Kasunyatan sapa sing bisa juara pawitan SMS….! Ya iku kekuatan tehnologi…Luwih becik manèh yèn ketambahan semangat démokrasi kang wus di duwèni bangsa Indonésia iki.

Wusana sumangga kita sinarengan mlampah  migunakaken sarana média internèt menika kanthi semangat démokrasi nglestantunaken amrih adiluhungipun sedaya budaya nuswantara ingkang tansah kita pepundi, kagem media-promo, ampun ngantos dipun pendhet déning asanès… [uth]


WordPress Theme & Icons by N.Design Studio. Theme pack from WPMUDEV by Incsub.
Entries RSS Comments RSS Masuk log