nyuwun pangapunten!

nyuwun pangapunten!

Kirang luwih sampun setunggal wulan laminipun kawula mboten update seratan wonten ing griya dagdigdug menika. Nyuwun sèwu sakdèrèngipun babagan menika mboten sanès injih amargi saking pedamelan ingkang radi damel mboten gedugèn anggèn kawula nyerat.

Pramila wonten ing wekdal sakmenika kanthi lampah ingkang taksih  thimik-thimik ugi, kawula cobi, mbok menawi samangké saged lancar malih sedayanipun, ngiras pantes sinau awit sampun kathah pikir ingkang radi owah.

Satunggal wulan anggènipun absèn dèrèng saged orèk-orèk malih. Sayekosipun kathah ingkang badhé dipun wedhar, ananging sinarengan kalian pikir ingkang dèrèng sreg, kados cekap panyuwunan pangapunten menika ingkang kawula aturaken kaping sepindah dhumateng para sedhèrèk sedayanipun ing Tahun 2010.

Sinayosa sampun radi telat mboten klèntu menawi kawula namung saget ngaturaken  “Sugeng Warsa Énggal Kalih Ewu Sedasa”, mugi sedaya jangkah ingkang badhé dipun temah kapanggih rahayu lan slamet mboten wonten godha, Amin…

Matur sembah Nuwun… [uth]

(njuk sapa ya sing getun nèk aku ra ana ki ya, wong kok pédhé banget yaa..?!!  Yoben taaaa…!! hihihii….)