Pancasila glegeré substantif utawa sistématis..?

Dina kasektèn Pancasila sejatiné nembé dèn pèngeti aning sepuluh dina kapungkur. Ananging kok rumangsaku ontran-ontran limang werna kang kasebut Pancasila iku amung isa dak weruhi ana ing sedina yaiku pas dina kapisan wulan Juni iki. Kamangka yen awak iki padha ngerti Pancasila iku ya siji-sijiné dhasar negara kang kuduné padha dèn mangertèni ora mung ing pangucap, luwih saka iku ya ana ing hakékat.

Pangandikan salah sawijining priyayi kang dadi ahli ana ing babagan Filsafat, Romo Frans Magnis Susena, “dene kang utama ing Pancasila yèku fungsi implisit hudu fungsi explisit”. Artine Pancasila iku kudu dèn maknani ora amung ana ing kang wus tinulis itawa kang dirumusaké. Lan hudu marang babagna kang dèn wara-warak’aké liwat pidhato, ananging dumunung marang patraban kang wus dèn lakoni ana ing tindak laku nyata. Filosofi lan sistemisasi kang ampuh ora bakal ana artiné menawa tindak kasunyatan kang bakal dadi pawitan bisa nentremaké bangsa kanthi ontran-ontran “Pemersatu..!”

Fungsi ana ing ndhuwur mèh waé ora tau keprungu meneh ana ing jeron kuping iki, kamangka ora sélak awak kabèh iki wus naté sepakat menawa para warga Bangsa Indonésia iki butuh Pancasila. Amarga kanthi pawitan Pancasila awak kabèh bisa nerusaké proyèk kang kasebut Indonesia…! Sawiji, adil makmur, ti-tata-tentrem kerta raharja, lan mesthi wae kudu demokratis.

Kanthi pranyatan ngèngingi babagan fungsi aning ndhuwur, kang wigati kuduné mikir babagan Pancasila iku kanggo maringi wangsulan saka pitakon ‘Indonésia kang kaya ngapa dèn sira pingini  iku..?

Pirang-pirang ndina kapungkur akèh kedadèn para manungsa sing ora sélak ya warga bangsa iki padha gawé ontran-ontran ala lan tindak culika. Kanggo tuladha ya ana pengeboman, utawa tuladha nyata liyané yèku ana salah sawijining organisasi kang aran NII gawé adicara liya. Aku kok mbiji kabèh mau ora bisa uwal saka gleger kang aran Pemerintah. Tegas lan tegesing pamarintah wus sakmesthiné kudu dadi tindak nyata kanggo katentreman para warga. Ananing ana ing kasunyatan kok kabèh mau mung nmandheg  ana ing “wacana”.

Ngrunnut saka pamarintahan jaman Prèsidèn Soekarno, ana ing awal ya pancèn wus netepké Pancasila dadi alat pemersatu , ananging saya-suwé ora osa disélaki menawa dadi gèsèr ana ing kapentingan pribadi utawa kelompok liniwat ‘Demokrasi Terpimpin”.  Semono uga jaman Prèsidèn Soeharto, kang sapisan migunakaké Pancasila kanthi tafsir organisme negara kang dilakoake bareng idéologi Pembangunan. Pancèn pembangunan ana ing jaman iku katon nyata makembang, ananging amarga iku akhiré warga lan para punggawa negara iki lena. Pancasila wus ora dadi alat pemersatu manèh, Pancasila malah malih fungsi dadi basis-represif. Wusanané sapa kang pokal nyuarakaké protès marang pamarintah utamaning marang bab kang ora adil utawa adoh saka gawé makmur langsung dianggep padha kaya-déné protes karo Pancasila.

Prosès pamarintah sedrajat karo Pancasila iku wus ra bisa disélaki menèh kang gawé thukuling winih réformasi-démokrasi ana ing bangsa Indonésia iki.

Wus sakmesthiné tindakan rèprèsif kang dèn lakoni para punggawa negeri iku ya kang dadi pemicu thukuling rasa primordialis, disintegrasi, krisis kepracayan, lunturing toléransi, lan sakpinunggalané. Cekak-aosé bab kang kaya ngéné iki asring diarani menawa “démokrasi Pancasila iki wus ora cocok dipatrapake dadi bahan pemersatu..!”. Lah piyéé..? Amarga awak iki duwé sistém politik lan démokrasi ananging babar-blas ora dèn lambari kanthi penjabaran makna Pancasila dhéwé lho…

Pamarintah dhéwé asring migunakaké permainan négosiasi katimbang prinsip kabangsan.  Alesané “ngemong”, njupuk dalan tengah…. yahhh, pancén sak klébatan katon wicaksana, ananging aja nggumun menawa krisi kapercayan bakal namah subur amarga para minoritas kaya-déné wus ora oleh hak awujud ‘pengayoman’ saka jeneng kang awujud punggawa negara.

Wusanané…

Menawa awak kabèh isih butuh Pancasila bab kang kudu kepikir lan dèn upayakaké yèku maju tanpa ragu bali manèh mring kautamaning ide lan niatan digawé Pancasila. Tindakan substantif dipatrapaké marang kabèh warga luwih utama katimbang sistématis kang luwih manggon ana ing pamarintahan.  Tindak keteladhanan, kepemimpinan, praktèk politik kanggo kepentingan bangsa (hudu kelompok). [uth]

 

gambar ilustrasi dari sini

 

Posted in campur-bawur | Tagged , , , | Leave a comment